CATATAN KECIL YANG INGIN DIBAGIKAN KEPADA SESAMA

Blogroll

Selasa, 17 Februari 2015

NGELMU KYAI PETRUK


Kuncung ireng pancal putih

Swarga durung weruh
Neraka durung wanuh
Mung donya sing ku weruh
Urip aja duwe mungsuh

Ribang bumi ribang nyawa
Ana beja ana cilaka
Ana urip ana mati
Precil mijet wohing ranti

Seneng mesthi susah
Susah mesthi seneng
Aja seneng nek duwe
Ja susah nek ra duwe

Senenge saklentheng
susahe sarendheng
Susah jebule seneng
Seneng jebule susah

Ki Daruna Ni Daruni
Wis ya aku bali menyang Giri
Kyai Petruk ratu ning Merapi
Lho ratu kok kadi pak tani?

Sugih rung karuan seneng
Mlarat rung karuan susah
Susah ra iso disawang
Bisane mung dirasake dhewe

Eh..Kapiran eh..kapirun eh..
Sapi ora nuntun
Urip aja mung nenuwun
Yen sapimu masuk angin tambanana
Jamune ulekan lombok
Bawang uyah kecap
Njur wetenge wedhak ana ki parutan jahe
Urip kudu nyambut gawe
Ja sapenake dewek
Kabeh ana aturane

Ki Daruna Ni Daruni
Wis ya aku bali menyang Giri
Kyai Petruk ratu ning Merapi
Lho ratu kok kadi pak tani?

Pipi padha pipi
Bokong padha bokong
Pipi ngempong bokong
Ki dhapur sampurnaning wong

http://www.jogjahiphopfoundation.com/

Share:

Related Posts:

0 komentar:

Posting Komentar

Monggo dikritik nggeh ???????

PPDB SDN Jerukwangi

 

Blogger news

BTemplates.com

Diberdayakan oleh Blogger.

Cari Blog Ini

Blog Archive

Pages

Pages - Menu

Pages